Jaman
samono Ki Plapar kawentar luhuring budi, arif, lan sekti mandraguna. Sorot netrane kebak kawibawan. Pakulinan mlaku adoh lan
ngrasakake hawa esuk wiwit enom ing saben dinane ndadekake Ki Plapar ora katon tuwa. Saben dina Ki
Plapar nggembleng para muride babagan ilmu jagat diri kanthi pangajab mbesuke
bisaa mbelani lan ngayomi rakyat saka angkara murka.
Ing
sisih burine bukit Padhepokan Padas Plapar, ana sawijining pawongan bagus. Pawongan iku sregep tandang
gawe lan seneng tetulung saengga disenengi wong-wong ing kampunge. Wiwit cilik
dheweke diundang Sondo utawa Sondong. Sondo tansah kepengin nyenengake wong
tuwane.
Nalika
samono Sondo mlebu alas Padas kang kondhang angkere. Dumadakan, ana pawongan njaluk pitulungan sajroning alas mau. Sondo kaget bareng weruh pawongan iku,
jebule Koro kancane dhewe lagi pringisan gobres getih. Sondo banjur ngulungake
wedang putih sing digawa lan enggal-enggal nambani tatune Koro sing lara.
Nalika Sondo lan Koro lagi rembugan, dumakan salah sijine murid Ki Plapar
teka lan ndhawuhi supaya gelem maguru ing Padhepokan Padas Plapar. Kekarone
sarujuk lan wekasane dadi muride Ki Plapar kang pinunjul. Saya suwe ngelmune
tambah dhuwur. Sondo lan Koro bali ing desane. Kekarone dadi panutan ing
desane. Sondo duwe garwa lan mbangun desa liya, semono uga Koro.
Ing sawijining dina putrine Kyai Sondo kang aran Sri Widowati ketemu
Tumenggung Joyo Lelono kang lagi mburu kijang ana tengah alas. Tumenggung Joyo
Lelono duwe pepenginan nggarwa Sri Widowati, sabanjure ora let suwe nglamar
putrine Kyai Sondo mau. Tumenggung Joyo Lelono seneng banget atine awit Kyai
Sondo nyarujuki panglamare.
Tumenggung Joyo Lelono banjur mlebu alas maneh beburu kijang incerane.
Nalika arep manah kijang mau dumadakan tumeka bayangan wong wadon kang ayu
rupane. Dheweke ngira yen pawongan iku Sri Widowati. Nanging nalika ditututi
nganti tumeka omahe, pranyata pawongan iku putrine Kyai Koro. Kaya-kaya lali
pinangane Sri Widowati, Tumenggung Joyo Lelono nglamar putri mau lan Kyai
Koro nyarujuki.
Dina candhake, Kyai Koro ndhawuhi putrine ing daleme Kyai Sondo. Putrine
pancen akrab karo Sri Widowati. Nalika padha tukar seserepan ngenani pemudha, kekarone kaget
pranyata dilamar dening pemudha kang padha yaiku Tumenggung Joyo Lelono.
Pungkasane, prakara iku ndandekake congkrahe Kyai Sondo lan Kyai Koro, sing
maune memitran kenthel saiki memungsuhan.
Perang klakon kedadeyan. Kekarone padha muntap,
adu kadigdayan lan kasekten nganti pirang-pirang dina. Para warga desa ora ana
sing wani misah lan nengahi pendhekar sakloron mau. Genep 40 dina 40 bengi,
keajaiban klakon. Kyai Sondo lan Koro klelep njroning bumi. Ora ana sing kalah
lan ra ana sing dadi pemenang, amarga kekarone padha digdayane. Babar pisan ora
ana sing mangerteni ing ngendi musprane lan dununge wong sekti sakloron mau
saiki.
Sabanjure, papan pertempuran pendhekar sakloron mau kang dadi cikal bakal
Desa Sondokoro, gabungan antane jeneng loro yaiku Sondo lan Koro. Ing
wektu candhake, KPAA Mangkunegoro IV ngowahi Sondokoro dadi Tasikmadu kanthi
pangajab asil gula saka pabrik diiripake danau madu. Dene Sondokoro saiki kawentar minangka
aran papan wisata lan taman rekreasi sing ana lingkungan Pabrik Gula Tasikmadu.
0 komentar:
Posting Komentar